Sesorah
Perpisahan
Assalamualaikum wr.wb
Ingkang kinurmatan ibu kepala sekolah SMK N 2 godean
Ingkang kula hormati bpk/ibu guru SMK N 2 godean
Para tamu ingkang tansah tuhu kinabekten
Saha para kanca i gkang kula tresnani
Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan sareng-sareng ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan sedaya,saengga ibg wekdal punika kula lan panjenengan saged makempal wonten ing adicara perpisahan saha tutup tahun 2017/2018
Kepareng ing wekdal menika kula matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya inggih amakili para kanca saking kelas 12
Bpk/ibu ingkang kula hormati
Kula lan sakkanca ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bpk/ibu guru ingkang sampun kersa nggula wenthah.Kula sakkanca kanthi sabar saha tlatos,paring sangu ngelmu ingkang manfaat.Tumrap gesang kula lan sakkanca
Bpk/ibu ingkang kula hormati
Kula sakanca boten saged caos piwelas menapa-menapa.Sagedipun amung memuji mugi-mugi kasaenan panjenengan sedaya minangka amal jariyah.
Bpk/ibu ingkang kula hormati
Kula sakanca ugi nyuwun donga pangestu mugi-mugi kula sakanca saged nggayuh gegayuhan ingkang dados pangimpen kula sakanca.Amin
Cekap sementen atur kula,mbok bilih wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging pangapunten.Nuwun
Waalaikumsalam wr.wb
What do matchpoint mean? - Still Casino
BalasHapusMatchpoint meaning: Betting type explained. Matchpoint, or'matchpoint', is a type of sportsbook ทางเข้า m88 that allows bettors to matchpoint bet on soccer games, basketball, 온라인카지노 and more.